sawangen
kembang kang edi tanpa pradhondhi
endahing kartika tan nyidrani
sumanar prasetya
madhangi dalan katresnan
wengi
apa bakal ngudal jayaning citra
dongeng wae wus ora kuwawa
nyirep bocah ndhedher pangimpen
ing centhong kuna
awit
wus kasaru tekane handphone
kang dadi papane gambar
obah mengangah
apa isih cidra
marang jaman kang mbuka
crita jaman iki
Ponorogo, Sept 2022
Kang Jenggo
Komentar
Posting Komentar