Aku eneng kene, wong ayu
ing sangisore tawang kang
ngemu tulisan gamblang
Yen rasaku, jane pengin ketemu
aku wegah nata gengsi
awit pang pang trembesi
carita ana wewadi
sangisire ngrembayonge wit kuna
Nimas, Apa sliramu uga kaya aku
sumendhe ing wit dhadhap
sangisore tawang kapang
sabab, sakloron wus suwe pepisahan
Pasar Pon, Ponorogo
Durung tekan tengah sasi 11. 2022
Kang Jenggo
Komentar
Posting Komentar